Rabu, 06 Februari 2019

SAIKI WES RA GELO


“Kanggoku, sak mene wes cukup. Umpomo kurang yo kurango sithik.” Gemreget atiku yen krungu ukara koyo mengkene. Opo meneh tetembungan kui diunekke soko palisanan semahku sing paling tak gegayuti. Ora mung gur tetembung, tapi luwih jero maknane. aku wong lanang butuh palincahan tenaga nggo tambah rerikatan nandang gawe, supoyone iso nyukupi lan ngluwehi kabutuhan kaluarga. Aku mung iso dadi pengarep-arep kepinginanmu sing durung iso tak cukupi lan tak luwihi.
Saiki aku wes lali. Lali karo urip sing tak lakoni kolo wingi. Titi kala mongso wes maleh, maleh dadi bedo karo pangarep. Sejatine wong lali ki iseh kelingan. Kelingan marang tumindak sing dilakoni. Sejatine wong lali iku, wong kang wes ra iso eling opo sing dirasakke, dikarepke, lan ditumindakake. Wes semono ugo aku, aku wes lali marang barang sing ra nyongko bakal ilang. Koyo ngetokke hajat sing wus lali kapan lan sak piro jumlahe.
“Sepurane yo dek” batinku mbrengengeng.
“Aku ra sengojo ngilangke sepatu, ora enek sing sengojo pengen kilangan. Opo meneh kelangan barang sing wus dadi pangidep-idep urip.” Ngrayu karo nggegem tangane mboke anak-anak.
“Wes tho mas, rasah dipikir.” Bojoku nyelo.
“Iki mau dadi panulisane gusti. Dijupuk hikmahe wae.”
“Barang kang wes dadi duweke ora bakal mlayu” panglipur lisan soko mamahe anak-anak.
“Iyo dek, sing penting aku wes ikhlas. Mugo-mugo sing njupuk pancen butuh sepatu kui. Mugo-mugo manfangati lan dadi berkah kanggo sing njupuk”. Nyelehke sirang neng bantal.
“Ayo gek ndang turu, wes bengi..” bojoku mateni lampu.
****
Wes koyo biasane aku mangkat jam lima punjul limalas menit. Wektu sing paling mawut kanggone para buruh sing podo nyambut gawe. Nglaju pitung puluh kilo wes biasa, mangkat peteng muleh peteng wes biasa, kudanan kepanasan wes biasa, seneng lan sengsoro wes biasa, madhang sedino sepisan wes biasa, royokan panggonan neng sepur wes biasa. Iku ngono kerana ‘wes biasa’. Menungso urip dikongkon gusti ngibadah lan berusaha. Makaryo iku ngibadah lan ikhtiar kanggo nyukupi pangarep-arep kabutuhan keluarga.
Yen ono sing takon, kesel pora nglaju? Cucuk pora? Penak pora? Seneng pora? Aku mung iso njawab eseman. Mbuh esemanku kui diartike piye, aku ra urusan. Sak ngertiku mesem kui yo ngibadah. Umpomo aku iso milih, aku yo pengen kerjo cedak karo anak-bojo, mulih gasik, iso momong lan mengeti anak soko umur cilik tekan gedhe. Kadang aku mikir. Jan-jane  aku kerjo ki nggo ngopo? Nggo sopo?
****
Mbaleni rasa. Mbaleni rasa sing tak rasakke kawit mbiyen sak durunge kepethuk wanita sing ayu lan ngayuni ati. Rasane nggegirisi lan trenyuh. Trenyuh amarga ana sing nrima awakku sing kakean lepat marang wanita. Wanita sing tak puji lan tak idham-idhamke saiki nyanding ono sisihku. Sisih kiwa sing ngisi mbalung sumsum. Ketemu wong sala sing ayu lan manis eseme dadi kelingan marang eseme wektu tak ngucakpe qobiltu...
Wengi iki soyo kesrimpung anggonku kelingan sepatu ilang. Sepatu sing saiki ra ono wujudte wes lali lan mbuh neng ndi panggonane. Ora butuh barang nggo ngetum sikil, saiki butuh barang sing iso nggo ngetum ati. Nguda rasa sawektu-wektu kanti keparingan amanah sing ayu lan edhi peni. Menawa amanah iki iso dadi amalku marang tumindak kabecikan sing dadi tumuntun ing alquran lan alhadis. Sak kelamunan iki mau mung secuil roso rasaning atiku. Mugo-mugo iso dadi panglipur kegelan marang sepatu sing mbuh parane.
Keplakkkkk....”mas... mas... tangi ayo sahur.....wes arep imsak” bojoku nyeplek pupuku kanthi roso panas.
“jam piro dek??” kramun-kramun anggonku nyawang lan semaur.
“ jam papat punjul, ayo gek ndang sahur” bojoku kemroweng lan kemlithik nyiapke piring.
Banjur sahur, motoku iseh peteng. Nganti nyendok sego luput mlebu irung. Gandheng ngantuke ra umum. Wes bar sahur banjur nglanjutke merem sedelo sak durunge shubuhan, menowo moto iki rodo padhang paningalane.
“Mas... mas... tangi. Wes isuk. Ndang tangi shubuhan gek ndang mangkat...” bojoku nggugah koyo ono maling kuyuhan.
Mak greggah anggonku tangi, menthelengi jam wes katon padhang. Suara kewan isuk wes pada semaur. Ngemotake yen dinone wes ganti.
“iyo dek, iki wes tangi” jawabku karo angop.
“Ava karo Hana wes tangi? Yowes tak adus gek shubuhan.”
Sak untoro lhe ku adus banjur kui siap-siap mangkat nyepur. “Dek, aku mangkat dhisik yo?”
“Iyo mas, ati-ati” bojoku nyedak karo nyucup tanganku.
Atiku adem, tentrem, mateb nglangkah njagani manah sing wes dititipke marang sliraku. Anggonku ngucap syukur tanpo kendat anggone entuk panglipur jiwo ingkang sholihah. Kanggo pengidap-idap makaryo supoyone bisa ngecukupi kabutuhan sing kudu dituku. Yen dirunut karo ilange sepatuku, sing jare kanca-kancaku sepatu apik, larang, cekli, modis, lan sak liya-liyane kui durung sepiraa karo anggone endahe kasih sayang marang bojoku lan sebalike. Yen dibandingke ilange barang minangka kui pakaryan soko bojoku, sepatu kui ora ono ajine. Sing penting kasih sayang lan pengorbananmu ora ilang kegerus wektu. Yen mung barang sing ilang iso digoleki, tapi yen wuyungmu ing manah sing ilang aku ora bisa urip. SAIKI WIS RA GELO.
Banjur tak eling-eling, iki mau gur ngimpi tho? Wooo....lhadalah... mugo-mugo bojoku ora ngerti yen aku mau ngimpi karo mesam mesem. Wes yo...ngono sek tombo geloku. Kesok meneh karo crito renco sing dironce dadi ngaguyubake rosoning ati. Dijogo ojo sampe cidro. (pajar jero ing wewengkon Tiara Ardi”)


by:arulklenik

Sabtu, 22 Maret 2014

Tugas Portofolio 1 Kls E

Petunjuk Pengumpulan tugas:

  1. Posting tugas di blog Saudara masing-masing
  2. Tulis komentar sesuai dengan kelas Saudara dengan format
Nama:
NIM:
saya telah mengupload tugas portofolio 1 di www.....com (tulis alamat blog Saudara)

Tugas Portofolio 1 Kls D

Petunjuk Pengumpulan tugas:

  1. Posting tugas di blog Saudara masing-masing
  2. Tulis komentar sesuai dengan kelas Saudara dengan format
Nama:
NIM:
saya telah mengupload tugas portofolio 1 di www.....com (tulis alamat blog Saudara)

Senin, 06 Januari 2014

TUGAS AKHIR TEORI MEMBACA



Soal:
Buatlah reproduksi membaca pemahaman berdasarkan pementasan drama yang diselenggarakan semester V pada tanggal 8- 11 Januari 2013! Gunakan teori Burn (2004) tentang pemahaman literal, inferensial, kritis, dan kreatif.

Petunjuk pengerjaan:
  1. Ketik rapi times new roman 12 spasi 1,5 kertas A4
  2. Dijilid mika transparan.
  3. Dikumpulkan saat matakuliah Teori Membaca diujikan.
  4. Pilih satu pementasan drama sesuai jadwal kelas yang Saudara tonton.
  5. Sistematika penulisan
a.      Judul
b.      Sinopsis
c.       Pemahaman Literal
d.      Pemahaman Inferensial
e.      Pemahaman Kritis
f.        Pemahaman Kreatif
g.      Simpulan



Template by:

Free Blog Templates