“Kanggoku, sak mene
wes cukup. Umpomo kurang yo kurango sithik.” Gemreget atiku yen krungu ukara
koyo mengkene. Opo meneh tetembungan kui diunekke soko palisanan semahku sing
paling tak gegayuti. Ora mung gur tetembung, tapi luwih jero maknane. aku wong lanang
butuh palincahan tenaga nggo tambah rerikatan nandang gawe, supoyone iso
nyukupi lan ngluwehi kabutuhan kaluarga. Aku mung iso dadi pengarep-arep
kepinginanmu sing durung iso tak cukupi lan tak luwihi.
Saiki aku wes lali.
Lali karo urip sing tak lakoni kolo wingi. Titi kala mongso wes maleh, maleh
dadi bedo karo pangarep. Sejatine wong lali ki iseh kelingan. Kelingan marang
tumindak sing dilakoni. Sejatine wong lali iku, wong kang wes ra iso eling opo
sing dirasakke, dikarepke, lan ditumindakake. Wes semono ugo aku, aku wes lali
marang barang sing ra nyongko bakal ilang. Koyo ngetokke hajat sing wus lali
kapan lan sak piro jumlahe.
“Sepurane yo dek”
batinku mbrengengeng.
“Aku ra sengojo
ngilangke sepatu, ora enek sing sengojo pengen kilangan. Opo meneh kelangan
barang sing wus dadi pangidep-idep urip.” Ngrayu karo nggegem tangane mboke
anak-anak.
“Wes tho mas, rasah
dipikir.” Bojoku nyelo.
“Iki mau dadi
panulisane gusti. Dijupuk hikmahe wae.”
“Barang kang wes dadi
duweke ora bakal mlayu” panglipur lisan soko mamahe anak-anak.
“Iyo dek, sing
penting aku wes ikhlas. Mugo-mugo sing njupuk pancen butuh sepatu kui.
Mugo-mugo manfangati lan dadi berkah kanggo sing njupuk”. Nyelehke sirang neng
bantal.
“Ayo gek ndang turu,
wes bengi..” bojoku mateni lampu.
****
Wes koyo biasane aku
mangkat jam lima punjul limalas menit. Wektu sing paling mawut kanggone para
buruh sing podo nyambut gawe. Nglaju pitung puluh kilo wes biasa, mangkat
peteng muleh peteng wes biasa, kudanan kepanasan wes biasa, seneng lan sengsoro
wes biasa, madhang sedino sepisan wes biasa, royokan panggonan neng sepur wes
biasa. Iku ngono kerana ‘wes biasa’. Menungso urip dikongkon gusti ngibadah lan
berusaha. Makaryo iku ngibadah lan ikhtiar kanggo nyukupi pangarep-arep
kabutuhan keluarga.
Yen ono sing takon,
kesel pora nglaju? Cucuk pora? Penak pora? Seneng pora? Aku mung iso njawab
eseman. Mbuh esemanku kui diartike piye, aku ra urusan. Sak ngertiku mesem kui
yo ngibadah. Umpomo aku iso milih, aku yo pengen kerjo cedak karo anak-bojo,
mulih gasik, iso momong lan mengeti anak soko umur cilik tekan gedhe. Kadang
aku mikir. Jan-jane aku kerjo ki nggo
ngopo? Nggo sopo?
****
Mbaleni rasa. Mbaleni
rasa sing tak rasakke kawit mbiyen sak durunge kepethuk wanita sing ayu lan
ngayuni ati. Rasane nggegirisi lan trenyuh. Trenyuh amarga ana sing nrima
awakku sing kakean lepat marang wanita. Wanita sing tak puji lan tak
idham-idhamke saiki nyanding ono sisihku. Sisih kiwa sing ngisi mbalung sumsum.
Ketemu wong sala sing ayu lan manis eseme dadi kelingan marang eseme wektu tak
ngucakpe qobiltu...
Wengi iki soyo
kesrimpung anggonku kelingan sepatu ilang. Sepatu sing saiki ra ono wujudte wes
lali lan mbuh neng ndi panggonane. Ora butuh barang nggo ngetum sikil, saiki
butuh barang sing iso nggo ngetum ati. Nguda rasa sawektu-wektu kanti
keparingan amanah sing ayu lan edhi peni. Menawa amanah iki iso dadi amalku
marang tumindak kabecikan sing dadi tumuntun ing alquran lan alhadis. Sak
kelamunan iki mau mung secuil roso rasaning atiku. Mugo-mugo iso dadi panglipur
kegelan marang sepatu sing mbuh parane.
Keplakkkkk....”mas...
mas... tangi ayo sahur.....wes arep imsak” bojoku nyeplek pupuku kanthi roso
panas.
“jam piro dek??”
kramun-kramun anggonku nyawang lan semaur.
“ jam papat punjul,
ayo gek ndang sahur” bojoku kemroweng lan kemlithik nyiapke piring.
Banjur sahur, motoku
iseh peteng. Nganti nyendok sego luput mlebu irung. Gandheng ngantuke ra umum.
Wes bar sahur banjur nglanjutke merem sedelo sak durunge shubuhan, menowo moto
iki rodo padhang paningalane.
“Mas... mas... tangi.
Wes isuk. Ndang tangi shubuhan gek ndang mangkat...” bojoku nggugah koyo ono
maling kuyuhan.
Mak greggah anggonku
tangi, menthelengi jam wes katon padhang. Suara kewan isuk wes pada semaur.
Ngemotake yen dinone wes ganti.
“iyo dek, iki wes tangi”
jawabku karo angop.
“Ava karo Hana wes
tangi? Yowes tak adus gek shubuhan.”
Sak untoro lhe ku
adus banjur kui siap-siap mangkat nyepur. “Dek, aku mangkat dhisik yo?”
“Iyo mas, ati-ati”
bojoku nyedak karo nyucup tanganku.
Atiku adem, tentrem,
mateb nglangkah njagani manah sing wes dititipke marang sliraku. Anggonku
ngucap syukur tanpo kendat anggone entuk panglipur jiwo ingkang sholihah.
Kanggo pengidap-idap makaryo supoyone bisa ngecukupi kabutuhan sing kudu
dituku. Yen dirunut karo ilange sepatuku, sing jare kanca-kancaku sepatu apik,
larang, cekli, modis, lan sak liya-liyane kui durung sepiraa karo anggone
endahe kasih sayang marang bojoku lan sebalike. Yen dibandingke ilange barang
minangka kui pakaryan soko bojoku, sepatu kui ora ono ajine. Sing penting kasih
sayang lan pengorbananmu ora ilang kegerus wektu. Yen mung barang sing ilang
iso digoleki, tapi yen wuyungmu ing manah sing ilang aku ora bisa urip. SAIKI
WIS RA GELO.
Banjur tak
eling-eling, iki mau gur ngimpi tho? Wooo....lhadalah... mugo-mugo bojoku ora
ngerti yen aku mau ngimpi karo mesam mesem. Wes yo...ngono sek tombo geloku.
Kesok meneh karo crito renco sing dironce dadi ngaguyubake rosoning ati. Dijogo
ojo sampe cidro. (pajar jero ing
wewengkon Tiara Ardi”)
by:arulklenik